
امّا
بعد, فيا أيها الناس, اتقوا الله وأطيعوه. واعلموا ان كلا منكم راع مسؤول عن
رعيته. وأن الرعاية امانة الله لكم , فلا تغفلوا عن تلك الأمانة. فإنكم عنها
مسؤولون.
Hadirin
kaum muslimin jamaah shalat Jumat ingkang dimuliakan Allah.
Wonten ing kesempatan meniko, kulo ngajak dumateng awak kulo piyambak serto
sedoyo jamaah, monggo sami ningkataken kualitas taqwa dumateng Gusti Allah SWT.
Pramilo monggo sekedap kito ninggalaken aktifitas duniawi kangge nggate-aken
urusan akhirat kanthi tafakkur nopo ingkang kedah kito lampahi lan kados pundi
caranipun nglampahi.
Dinten2 meniko dusun kito milahi ngayahi pendamelan ageng. Inggih meniko
proses pemilihan pemimpin, ingkang sak meniko nembe wekdalipun pendaftaran
calon kepala desa. Wonten perkawis ingkang penting kedah dipun mangertosi
masyarakat, utaminipun pihak2 ingkang kepingin nderek daftar. Inggih meniko :
1. Niat.
عن عُمَرَ بْن الْخَطَّابِ رَضِيَ اللَّهُ
عَنْهُ يَقُولُ سَمِعْتُ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُولُ
إِنَّمَا الْأَعْمَالُ بِالنِّيَّاتِ وَإِنَّمَا لِكُلِّ امْرِئٍ مَا نَوَى فَمَنْ
كَانَتْ هِجْرَتُهُ إِلَى اللَّهِ وَرَسُولِهِ فَهِجْرَتُهُ إِلَى اللَّهِ وَرَسُولِهِ
وَمَنْ كَانَتْ هِجْرَتُهُ لِدُنْيَا يُصِيبُهَا أَوْ امْرَأَةٍ يَتَزَوَّجُهَا فَهِجْرَتُهُ
إِلَى مَا هَاجَرَ إِلَيْهِ. رواه البخاري و مسلم.
Saking Amirul Mukminin, Umar
Ibnul-Khattab Radhiyallahu Anhu dawuh: Kulo mireng Rasulullah Shallahu Alaihi Wassalam dawuh:
“Sedoyo amal perbuatan meniko kedah ngangge niat. Sedoyo tiyang meniko
bade pikantuk menopo ingkang dipun niataken. Sinte ingkang
hijrah keranten Gusti Allah lan Rasul,
milo hijrahipun nggih keranten Allah lan
Rasul. Ananging, sinten mawon ingkang hijrahipun keranten donyo ingkang bade dipun gayuh utawi kenyo ingkah bade dipun
nikahi, milo tiyang meniko hijrahipun ugi keranten
perkawis-perkawis kolo wau”.
Pramilo menawi
panjenengan ngersaaken daftar dados calon Kepala Desa, monggo dipun toto
niatipun kanthi leres kangge ndamel kemaslahatan wargo dusun Pekalongan sedoyo.
Mboten mung kangge nggayuh kedudukan nopo malih keuntungan pribadi.
2. Mangertosi permasalahan ingkang wonten in dusun
Pekalongan lan nyiapaken kemampuan kepemimpinan kangge ngatasi permasalahan.
Kangge ndamel kemaslahatan wargo Pekalongan meniko
panjenengan kedah mangertosi lan paham sedoyo permasalahan nopo ingkang wonten
ing masyarakat. Sak lajengipun panjenengan kedah yakin nggadahi kemampuan
kepemimpinan lan keteladanan, supados sedoyo pihak saget nampi lan guyub
ndukung program-program ingkang panjenengan damel.
Panjenengan kedah nggadahi ilmu ingkang
wiyar artosipun, setunggal pemimpin kedah nggadahi kompetensi
ingkang cekap kangge nglaksanani kepemimpinanipun,
supados piyambake saget ngenali kawontenan rakyatipun lan sukses
mbangun kesejahteraan kangge sedoyo rakyatipun. Di
samping meniko kedah nggadahi kepribadian lan
integritas ingkang sahe sehinggo piyambake leres-leres saget dipercados (amanah) naliko ngugemi kekuasaan.
Panjenengan ugi
kedah nggadahi kemampuan ingkang kiat kangge nglaksanani tugas-tugas
kepemimpinan, artosipun piyambake kedah nggadahi jaringan ingkang cekap, dukungan ingkang kiat,
kemampuan kangge nglaksanani tugas lan
tanggungjawabipun sarto
kemampuan kangge ngatasi masalah ingkang
muncul dados kendala pelaksanaan tugasipun.
Menawi kekalih perkawis meniko boten panjenengan gadahi,
mustahil penjenengan bade saget mimpin dusun Pekalongan.
Gusti Rasulullah SAW telah bersabda :
إذا وسد الأمر إلى غير أهله فانتظر السـاعة
Ketika amanat itu diserahkan kepada yang bukan ahlinya maka tunggulah saat
kehancuran
إذا ضُيِّعَتِ الأمانة فانتظر السـاعة
Ketika amanat itu disia-siakan maka tunggulah saat kehancuran
3. Njogo kerukukan lan pasederekan.
Ingkang wigati malih, kito sedoyo kedah saget njagi
kerukunan dan pasederekan ingkang sak meniko sampun terbangun kanti sahe. Ampun
ngantos wargo Pekalongan dados congkrah mung goro2 pilkades. Nisto sanget.
Akhiripun, monggo kito ndedongo mugi-mugi wargo Pekalongan saget kasil milih pemimpin ingkang
paling sahe lan leres-leres ngemban
amanat rakyat. Mugi-mugi wargo
Pekalongan niki saget luput saking moro boyo lan sedoyo bentuk pasulayan..
Amin Ya Robbal ‘Alamin.
جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ
مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ الْكَامِلِيْنَ الْمُؤَدِّيْنَ لِوَاجِبَاتِهِمُ الْمُخْلِصِيْنَ.
أعوذ بالله من الشيطان
الرجيم. بسم الله الرحمن الرحيم.
قُلِ اللَّهُمَّ مَالِكَ الْمُلْكِ تُؤْتِي الْمُلْكَ
مَنْ تَشَاءُ وَتَنْزِعُ الْمُلْكَ مِمَّنْ تَشَاءُ وَتُعِزُّ مَنْ تَشَاءُ
وَتُذِلُّ مَنْ تَشَاءُ بِيَدِكَ الْخَيْرُ إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ (26 آل عمران
بارك الله لي ولكم في
القرآن العظيم و نفعني وإياكم بما فيه من الأيات والذكر الحكيم. و تقبلَ مني ومنكم
تلاوته إنه هو السميع العليم. واستغفروه إنه هو الغفور الرحيم
![]() |
Oleh : Ah. Adib Al Arif